Waktu Yang Hilang, Kau Masih Dan Selalu Pergi
Do you know? I can't speak English, but I wanted to use it. I can speak Indonesians, and I always use it. Now, I want to try to make a poem. Sawetara aku ora bisa Nglamunake rupamu kang mulya Nanging sliraku ora lilo Nalika kowe ilang klelep donya Sekar ireng ana pintu Cemantel kintaka saka kowe Tok critakno opo anane uripmu saiki Tok janjeni arep bali nggo awakku Gita cendhak bab tresnomu Menehi aku kekarepan Sumadya suk mben bisa ketemu maneh Lan nyawang mustika aneng mripatmu Lumantar sonyane loka iki Aku wus ngenteni, aglisa mrene! Aben jago kluruk aku eling kowe Aben ratih mertamu aku ndongakke koe Neng, apa ya kowe ora krasa Neng, apa dongaku ora tekan kana Oneng tyas oneng... Larane prana ini manjing nuswa mala Rungakna! Tanggapana! Aku tresno kenyarmu Andaru, andakara, kabeh yo andika Sasmita ala sliramu wis nang nirwana Umpamane nyatan koe lunga Adine kalpika wis ra guna Karana kahyun yo udu duwekku Gari paramarta dadi pamungkasing cri...