Waktu Yang Hilang, Kau Masih Dan Selalu Pergi

Do you know?
I can't speak English, but I wanted to use it.
I can speak Indonesians, and I always use it.
Now, I want to try to make a poem.

Sawetara aku ora bisa
Nglamunake rupamu kang mulya
Nanging sliraku ora lilo
Nalika kowe ilang klelep donya

Sekar ireng ana pintu
Cemantel kintaka saka kowe
Tok critakno opo anane uripmu saiki
Tok janjeni arep bali nggo awakku

Gita cendhak bab tresnomu
Menehi aku kekarepan
Sumadya suk mben bisa ketemu maneh
Lan nyawang mustika aneng mripatmu

Lumantar sonyane loka iki
Aku wus ngenteni, aglisa mrene!
Aben jago kluruk aku eling kowe
Aben ratih mertamu aku ndongakke koe

Neng, apa ya kowe ora krasa
Neng, apa dongaku ora tekan kana
Oneng tyas oneng...
Larane prana ini manjing nuswa mala

Rungakna! Tanggapana!
Aku tresno kenyarmu
Andaru, andakara, kabeh yo andika
Sasmita ala sliramu wis nang nirwana

Umpamane nyatan koe lunga
Adine kalpika wis ra guna
Karana kahyun yo udu duwekku
Gari paramarta dadi pamungkasing crito

Kapan tha ya!
Nek saiki aku wis tuek
Bacut uripku nggo ngenteni sliramu
Ingsun ya pasrah yen nyatan iki takdir

Balia!

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Sinopsis Film Guruku Boyolali

Kiss The Rain versi Indonesia

Percobaan Massa Jenis