Jogging Kepagian


Sawijining esuk, aku mlaku-mlaku ngubengi perumahan bareng kangmas lan adhiku. Kahanane ing kana uga isih peteng lan sepi. Nalika mlaku-mlakune wis tekan gang kaloro, aku lan sadulurku ngliwati omah kang petengan lan ana keren banyu ing jaba omahe. Sejatine aku emang wis wedi ngliwati omah kuwi. Gandheng ana masku banjur tak wani-wanihake.

Pas lagi omong-omongan ning ngarep omah kuwi, ngerti-ngerti ana swara keren kang diputer lan swara banyu mancur, “kreeek…kreek…kreeek…cuuurrr…..”. Aku mlinguk ing keren nanging ora ana wong. Aku, kangmas, lan adhiku njerit bebarengan, “haa…ha… haa… han…tu….”, banjur mlayu kajirit-jirit.Tekan cedhak omah aku kesandung watu terus tiba. Anehe sadulurku ora padha nulungi namging malah ninggal. Aku nangis  amarga kewedhen.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Sinopsis Film Guruku Boyolali

Kiss The Rain versi Indonesia

Percobaan Massa Jenis